0S3d5zLbo07wzSes8mCOCYtdrGvF6lw61q5ubEAM
Bookmark
{{ date }}
{{ time }}
Sudah SHOLAT kah Anda?

Bacaan Aqoid 50 Bahasa Jawa Setelah Selesai Sholat Tarowih

Bacaan Aqoid 50 Bahasa Jawa Setelah Selesai Sholat Tarowih

SYAHADAH

اَØ´ْÙ‡َدُ اَÙ„َّا اِÙ„ٰÙ‡َ اِÙ„َّا اللهُ

Anekseni ingsun ingdalem ati ingsun kelawan i'tiqod ingkang kukuh. Setuhune kelakuan iku ora ana dzat kang sinembah, kelawan sabenere anging Alloh Ta'ala dewe, kang wajib wujude, kang muhal ngadame, kang kagungan sekeh sifat sampurna ora ana wekasane. Lan kang moho suci adoh saking sekeh sifat kekurangan. Ora bopo, ora biyung, ora bojo, ora anak, ora arah, ora nggon, ora zaman, ora makan, ora gedhe, ora cilik, ora nyerupani ing sekeh ingkang anyar.

Utawi Alloh Ta'ala iku ingkang wenang dadeake ngalam kabeh, bumi langit sak isine. Kang gawe pati urip, kang paring sandang pangan ing sekeh kawulane, kang ngganjar anekso ing sekeh kawulane.

Ù„َااِÙ„ٰÙ‡َ اِÙ„َّا الله Ù£× Ø§Ù„Ù„Ù‡

nyuwun pitulung

ÙˆَاَØ´ْÙ‡َدُ اَÙ†َّ Ù…ُØ­َÙ…َّدً الرَّسُÙˆْÙ„ُ اللهِ

Lan nekseni ingsun ingdalem ati ingsun kelawan i'tiqod ingkang kukuh. Setuhune Kanjeng Nabi Muhammad iku, dadi utusane Alloh, den kautus maring sekehe makhluk, jin, manungsa, malaikat, lan liyane. Kang kagungan sifat Sidiq, Amanah, Tabligh, Fatonah.

Utawi Kanjeng Nabi Muhammad iku, putrane Raden Abdullah, wayahe Raden Abdul Mutholib, buyute Raden Hasyim, canggahe Raden Abdul Manaf. Den putraaken ana ing Mekah, den kautus ana ing Mekah, nuli ngalih daleme maring Madinah, seda ing Madinah, sinare aken ing Madinah, bangsane Bangsa Ngarob, Bangsa Quraiz, Bangsa Hasyim.

اَللّٰÙ‡ُÙ…َّ صَÙ„ِّ عَلىٰ Ù…ُØ­َÙ…َّدْ (Ù¢×) Ùˆَعَلىٰ اٰÙ„ِÙ‡ٖ (Ù¢×) ÙˆَصَØ­ْبِÙ‡ٖ ÙˆَسَÙ„َّÙ…َ

ÙŠَارَبِّ اجْعَÙ„ْ Ù‡َØ°َا الْبَÙ„َادَ بَÙ„َادًا آمِÙ†ًا (Ù¢×)

ÙˆَارْزُÙ‚ْ اَÙ‡ْÙ„َÙ‡ٗ (Ù¢×) رِزْÙ‚ًا Ùˆَاسِعًا Ø·َÙŠِّبَØ©ً ÙˆَسَÙ„َّÙ…َ

WUJUD

Wujud mesti ono, Alloh muhal yen ora onoho, Qidam dingin Alloh, Alloh muhal yen kedinginan Ngadam. Baqo' langgeng Alloh, Alloh muhal yen kenoho rusak. Mukholafatuhu Lil Hawadisi bedo Alloh kelawan ingkang anyar, Alloh muhal yen podoho. Qiyamuhu Binafsihi jumeneng Alloh kelawan dewe, muhal jumeneng Alloh, Alloh muhal kelawan liane. Wahdaaniyah kang sawiji, Alloh muhal loro tetelu. Qodrat kang kuwoso, Alloh muhal yen apeso. Irodat kang kereso, Alloh muhal yen ora kerso. Ngilmu kang ngudaneni, Alloh muhal yen bodoho. Hayat ingkang urip, Alloh muhal yen matiha. Sama' kang miharso, Alloh muhal yen tuliya. Basor kang ningali, Alloh muhal yen wutoho. Kalam kang ngendika, Alloh muhal yen bisuho. Qodiron kang kuwoso, Alloh muhal ingkang apes. Muridan kang kereso, Alloh muhal ingkang ora kerso. Ngaliman kang ngudaneni, Alloh muhal ingkang bodo. Hayyan ingkang urip, Alloh muhal ingkang mati. Samingan kang miharso, Alloh muhal ingkang tuli. Basiron kang ningali, Alloh muhal ingkang wuto. Mutakalliman kang ngendika, Alloh muhal ingkang bisu.

Lan wajib ngaweruhono wong ngaqil baligh sedoyo, ing sifat wajib Alloh iku kaleh doso, lan sifat ingkang muhal Alloh iku kaleh doso. Lan sifat ingkang wenang ing Alloh iku sewiji.

Utawi sifat rong puluh iku manjing dadi papat: Ingkang dingin manjing sifat Nafsiyyah, kapindone manjing sifat Salbiyah, kapeng telune manjing sifat Ma'ani, kaping pate manjing sufat Maknawiyyah.

Utawi sifat papat iku manjing dadi loro: Ingkang dingin manjing sifat Istighna', kapindone manjing sifat Iftikor.

Utawi sifat loro iku manjing dadi siji. Iyo ono ing isim Edzat. Tegese Isim Edzat iyo iku Lafadz Alloh Nafsiyah sewiji: Wujud. Salbiyyah iku lelimo: Qidam - Baqo' - Mukholafatuhu Lil Hawadisi - Qiyamuhu Binafsihi - Wahdaniyyah.

Utawi dundumane Ma'ani iku pepitu: Qodrat - Irodat - Ngilmu - Hayat - iyo Sama' - Basor - Kalam.

Utawi dundumane Maknawiy iku pepitu: Qodiron - Muridan - Ngaliman - Hayyan - Samingan - Basiron - Mutakaliman.

Utawi sifat rong puluh ingkang manjing Istighna' iyo iku sifat sewelas: Iyo Wujud - Qidam - Baqo' - Mukholafatuhu Lil Hawadisi - Qiyamuhu Binafsihi - iyo Sama' - Basor - Kalam - Samingan - Basiron - Mutakaliman.

Utawi sifat rong puluh ingkang manjing Iftiqor: Iyo iku sifat sesongo: Qodrat - Irodat - Ngilmu - Hayat - Waqodiron - Wamuridan - Wangaliman - Hayyan - Wahdaniyyah.

Utawi Jaize Alloh Ta'ala iku sewiji. Tegese Jaiz iku wenang Alloh gawe mumkin, utawi wenang Alloh tinggal gawe mumkin, tegese mumkin iku bumi langit sak isine.

Lan wajib ngaweruhono wong ngaqil baligh sedoyo, ing wajibe poro Rosul iku papat: Ingkang dingin sifat Sidiq, kapindone sifat Amanah, kapeng telune sifat Tabligh, kaping pate sifat Fatonah.

Tegese Sidiq iku benere wartane Rosul. Tegese Amanah iku kapercoyo maring Alloh. Tegese Tabligh iku neka-aken perintahe Alloh, perintah ingkang wajib, ingkang sunah, ingkang wenang, ingkang ehak, ingkang bathal, ingkang halal, ingkang harom, kelawan sepadane kabeh iku wenang.

Tegese Fatonah iku limpate ngakale Rosul.

Lan wajib ngaweruhono wong ngaqil baligh sedoyo, ing muhale poro Rosul iku papat: Ingkang dingin iku Qidhib, kapindone iku Khiyanat, kaping telune iku Kitman, kaping pate iku Baladah.

Tegese Qidhib iku muhale gorohe Rosul, tegese Khiyanat iku muhale ciderone Rosul, tegese Kitman iku muhale ngumpete Rosul, tegese Baladah iku muhale bodhone Rosul.

Lan wajib ngaweruhono wong ngaqil baligh sedoyo, ing wenange poro Rosul iku siji: Katekanan Ngalam Basyariyyah. Koyo loro, ngelu, mules, dhahar, nginum, sare, wathi, keromo. Kelawan sepadane kabeh iku wenang.

اَللّٰÙ‡ُÙ…َّ صَÙ„ِّ عَلىٰ Ù…ُØ­َÙ…َّدْ (Ù¢×) Ùˆَعَلىٰ اٰÙ„ِÙ‡ٖ (Ù¢×) ÙˆَصَØ­ْبِÙ‡ٖ ÙˆَسَÙ„َّÙ…َ

ÙŠَارَبِّ اجْعَÙ„ْ Ù‡َØ°َا الْبَÙ„َادَ بَÙ„َادًا آمِÙ†ًا (Ù¢×)

ÙˆَارْزُÙ‚ْ اَÙ‡ْÙ„َÙ‡ٗ (Ù¢×) رِزْÙ‚ًا Ùˆَاسِعًا Ø·َÙŠِّبَØ©ً ÙˆَسَÙ„َّÙ…َ

Terima kasih telah membaca artikel kami yang berjudul: Bacaan Aqoid 50 Bahasa Jawa Setelah Selesai Sholat Tarowih, jangan lupa ikuti website kami dan silahkan bagikan artikel ini jika menurut Anda bermanfaat.

Post a Comment

Post a Comment

Cara Berkomentar bagi yang tidak memiliki blog:
1. Klik select profile --> pilih "Name/URL".
2. Isi nama Anda dan isi dengan alamat facebook Anda.
3. Klik "Lanjutkan".
4. Ketik komentar Anda.
5. Klik "Publish".
6. Centang "CAPTCHA" yang menyatakan bahwa Anda bukan robot.
7. Klik "Publish".